Kaca iki wis dikorèksi
D. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha !
- Mabawa kowe lega, aku nyilih bukumu.
- Marga udane deres aku nggawa payung.
- Adhi kula sakit milanipun kula tumbas obat.
- Aku gelem teka ing omahmu, anggere kowe gelem ngeterake mulih.
- Kancaku ngabari aku, manawa kowe lara.
IV. NULIS
Wacan paragrap 1 lan paragrap 2 ing ngarep
iku tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!
V. UNGGAH-UNGGUH
Pacelathon iki salinana nganggo basa ngoko andhap !
| Suparta | : | "Kula nuwun !” |
| Brata | "O, Dhi Parta ! Mangga lenggah ngriki kemawon ! | |
| Kersanipun Adhi punapa, sonten-sonten kok rawuh | ||
| mriki ?" | ||
| Suparta | : | "Anu Kangmas, manawi panjenengan ngersakaken |
| mriksani ringgit tiyang badhe kula caosi karcis. Kula | ||
| dipun sukani karcis kalih. Manawi Kangmas kersa ba- | ||
| dhe kula dherekaken.” | ||
| Brata | : | "Keleresan sanget, Dhimas ! Kula sampun dangu bo- |
| ten nate ningali ringgit. Kula wau malah sampun keng- | ||
| kenan tumbas karcis, jebul sampun telas. Manah kula | ||
| inggih gela mangka lampahanipun sae. Dados anggen | ||
| panjenengan maringi karcis punika keleresan sanget. | ||
| Dhimas rak inggih enggal tindak ta ? Panjenengan | ||
| kula aturi lenggah rumiyin, kula badhe dandos." | ||
| Suparta | : | "Inggih, mangga. Anggenipun busana Kangmas sa |
| pun kesesa, tiyang wekdalipun taksih kathah, dados | ||
| boten badhe kasep.” |
96