Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mesthi kapatrapan paukuman. Nanging Sang Nata iya adil. Kabeh para kawula kudu nyambut gawe manut kabisane dhewe-dhewe. Luwih-luwih para kawula tani, tansah dipredi supaya wekel lan taberi nyambut gawe. Alas-alas padha dibabadi, didadekake paswahan lan pategalan. Para nonoman kang dhasare kendel padha didadekake prajurit. Wadyabala Mataram pancen saya wuwuh cacahe, dene para manggalane racak padha digdaya kabeh.

Adipati Mandaraka sing menangi ratu nganti kaping telu, putrane kabeh ana papat, yaiku Pangeran Mandura, Adipati Wirapraba, Adipati Jurukithing, lan ragile putri, kagarwa dening Adipati Batang. Pangeran Mandura peputra loro, yaiku Pangeran Mndurareja lan Pangeran Upasanta.

Adipati Mandaraka sawise nandhang gerah sepuluh nuli seda. Sultan Agung prihatin banget, rumangsa ditinggal eyange kang srwa prigel ngembat saliring reh kaprajan. Luwih-luwih yen ngelingi lelabetane, wiwit anggone mbiyantu eyang buyute, yaiku Ki Ageng Pemanahan, nganti adege Mataram.

Sultan Agung pancen rumangsa yen nampa warisan negara gedhe. Mula kudu tansah dijaga, supaya aja nganti katerak ing bebaya, sarta aja nganti ana kraman kang njalari rerusuh. Kanggo njaga katentramaning praja, luwih-luwih ing laladan pesisir, Sultan Agung kagungan gegayuhan ngelar wewengkon. Kabupaten-kabupaten ing bang wetan kang durung kabawah Mataram nedya ditelukake.

Sultan Agung nimbali Tumenggung Suratani, yakuwi sawijining manggala Mataram kang misuwur digdaya tur wasis nata barisan.

"Suratani", dhawuh pangandhikane Sultan, "Sira dakdhawuhi nindhihi barisan, nglurung menyang bang wetan. Tatanen wadyabala Mataram sagegamane kabeh."

Sultan Agung iya dhawuh marang Tumenggung Alap-alap supaya mbiyantu Tumenggung Suratani. Tumenggung Alap-alap mono sawijining agul-agul Mataram kang uga pinter marang tata-rakite perang.
90