Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

WULANGAN 8

I. WACAN

A. Wacanen sajroning batin !

SULTAN AGUNG ANYAKRAKUSUMA

Ing wayah esuk, alun-alun Mataram katon regeng. Para priyayi padha ndlidir tekane, jalaran ing sitinggil arep ana pasowanan agung.

Wiwit sedane Sang Nata ing Krapyak, iya lagi dina kuwi kutha Mataram katon reja maneh. Wis sawatara suwe para kawula anggone padha prihatin, luwih-luwih para santana dalem.

Sawise pasowanan pepak, Adipati Mandaraka miyos ing satinggil nganthi putra dalem kang nandhang lara owah, peparab Raden Mas Martapura. Solah tingkahe katon berag. Raden Mas Martapura nuli diaturi lenggah ing dhampar kaprabon. Para nayaka bupati padha cingak, nanging ora ana sing wani cemuwit.

Ora antara suwe, Adipati Mandaraka mbisiki, "Angger Wayah Prabu, saka welinge swargi ramamu, yen wis lenggah dhampar iki enggal jengkara ...."

Prabu Martapura iya manut, jengkar nuli ngedhaton didherekake para parekan.

Raden Mas Rangsang kang uga marak ing satinggil banjur diaturi ing dhampar.

Pangeran Purbaya jumeneng ing sisihe, ngendhika, "Paran santana, dalah nayaka bupati kabeh. Padha saksenana, yen Raden Mas Rangsang dina iki jumeneng nata, nggenteni ingkang Rama swargi, ajejuluk Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman. Sapa wong Mataram kang ora sarujuk, padha enggal matura. Aku sing bakal mangsuli."

Sakabehe kang andher ing sitinggil padha jumurung, banjur bebarengan nyembah marang Sang Prabu.

Sultan Agung kepara kukuh anggone ngasta pusaraning praja. Sakabehe paugeran sarta angger-anggering praja ora kena kalangkahan dening sapa bae. Sing wani nerak wewaler


89