Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Siti : ”Inggih leres ngaten, Pak. Pak Guru inggih sampun nyariyosaken kados pundi wigatosipun alat ingkang dipun panggihaken Thomas Alva Edison punika.”
Pak Umar : ”Lha . . . harak bener ta kandhaku.”
Bu Umar : ”Inggih, Pakne. Nanging benjing manawi empun wiwit pasang instalasi lan sabangsane niku rak inggih kedah cucul wragad kangge mbayar ta ?”
Siti : ”Inggih mesthi kemawon ta, Bu! Menapa inggih, purun pasang gratis.”
Pak Umar : ”Bener kandhamu, Siti! Nanging tumrap desa kene ana kaenthengan-kaenthengan. Awit bakal anane listrik ing desa kene iki klebu programe pamerentah, yaiku Listrik Masuk Desa. Lha wragade saperangan antuk bantuwan saka Inpres. Tur war ga anggone ngragadi bisa dicicil.”
Bu Umar : ”Waaah, nggih mathuk, Pakne, manawi ngaten carane. Kula setuju. Lan manawi sampun onten padhange listrik kula kalih gendhuk Lastri rak inggih saged mbathik wanci dalu.”
Pak Umar : ”Lha yakuwi antara liya kauntungane. Lan aku bakal wiraswasta gawe panetesan telur, Bune. Kanthi listrik mengko bisa netesake endhog pitik utawa bebek, tanpa diengkremi babone kaya kang ana saiki.”
Siti : ”Kula inggih saged methik mumpangatipun, Pak. Kula saged sinau kanthi lancar, sawanci-wanci.”
Pak Umar : ”Bener, ndhuk. Apa maneh manawa pekarangan-pekarangan lan pinggir-pinggir dalan wis dipasangi lampu listrik, sabangsane maling-maling kuwi mesthi wedi lumebu desa kene.”
Bu Umar : ”Leres, Pak. Nanging inggih ampun terus lirwa. Dupeh wis ana listrike, turune dikepenak-kepenakake. Banjur sembrana.”
Pak Umar : ”Ah, ya ora mangkono ta, Bune. Kepriye bae sing jeneng Siskamling iya kudu tumindak.”
Siti : ”Lan punika rak inggih kuwajibanipun warga sakampung ngriki ta, Pak ! Boten sepuh boten enem kedah cancut taliwanda njagi keamanan dhusun.”

77