Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

(2). Kanggo mbuktekake manawa pamilahing gatra iku bener, manawa panggonane gatra kaijol-ijolake ora owah kareping ukara.

    — Nggawa salin / kancaku / marga nginep.
    — Marga nginep / nggawa salin / kancaku.
    — Kancaku / marga nginep / nggawa salin.

(3). Sing kudu ditemokake dhisik wasesa-lesan, marga wasesane tembung tanduk transitip, yaiku :

    nggawa (wasesa)
    nggawa salin
    salin (lesan)
    Sapa sing nggawa salin, wangsulane : aku = jejer.
    Apa gayutane nggawa salin - marga nginep = sabab(karana)

(4). Udhalane (racutane) ukara :

    Aku = jejer
    nggawa = wasesa
    salin = lesan
    marganginep = katrangan karana

Tindaknya kaya tuladha !

  1. Kula ngentosi panjenengan wonten ngriki.
  2. Ing mangsa rendheng para among tani ngolah sawahe.
  3. Saiki kanca-kancaku nyelengi dhuwite ana BRI.
  4. Aku karo adhiku bola-bali ngusungi watu saka kali.
  5. Kanca-kancaku nglumpukake dhuwit kanggo urunan tuku bal.
  6. Sarehne udan aku golek godhong gedhang kanggo payungan.
  7. Saben Minggu sore aku mesih nonton bal-balan ana ing setadhion
  8. Budi kerep mbebeda adhine nganti nangis.