Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Pak Lurah : ”Ya ora mangkono ta, Pak. Ing tanah sabrang kana racak lemahe isih subur. Alas bukakan anyar kuwi lemahe isih ngandhut humus sing gawe subure tetanduran. Apa maneh pemerentah wis nyedhiyani sekolahan, Puskesmas, pasar lan papan ngibadah ing lokasi transmigrasi kana. Gek kurang apa maneh ?”
Pak Kerta : ”Nanging kula mireng-mireng kok kathah kanca transmigrasi ingkang boten kraos awit tebih saking kitha tur panenanipun dipun risak kewan wana ta, Pak Lurah ?”
Pak Lurah : ”Kuwi rak mung saperangan bae. Ora kabeh mangkono. Manawa arep adol pametu sawah lan pategalan menyang kutha, prahoto ya wis ana. Ora beda kaya ing tanah Jawa kene. Lha tumrap wong-wong sing kesed wegah nyambut gawe, keh-kehane ya kaya sing kok kandhakake mau. Ora krasan njur minggat. Awit wong kesed mono penyakit sing kudu dibrastha. Manawa ing kene kesed, ing kana iya kesed. Kamangka ing laladan transmigrasi mono mbutuhake wong-wong sing wekel nyambut gawe.”
Pak Karto : ”Wah, mireng katrangan saking Lurahe kula kok lajeng kepengin sanget ndherek ndhaptar transmigrasi. Menawi leres ngendikane Lurahe kala wau, byuh . . . mendah sekecane panggesangan kula mangke teng ngrika.”
Pak Lurah : ”Lha, rak ya mengkono ta Pak Kerta. Lha mengko sapungkurmu saka pategalan kene, Nyaimu dijak rembugan sing becik. Bisa ketarik melu transmigrasi lan ora ngrekasa kaya ngene iki.”
Pak Kerta : ”Inggih Lurahe, prekawis embokne Jarot mangke gampil. Awit dereng dangu niki piyambake nate ngajak transmigrasi.”
Pak Lurah : ”Lha . . . rak malah kebeneran ta. Gene kuwi Mbok Kerta ya wis ngajak.”
Pak Kerta : ”Kriyin kula taksih dereng gadhah grenjet kok Lurahe. Lha sak niki sareng mireng katrangan saking Lurahe, eee . . . jebule kok inggih mayar menawi ditindake.”

54