Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 5

I. WACAN

A. Wacanen batin !
TRANSMIGRASI
Pak Lurah : ”Wah, isih esuk kok wis sengkut gawe gulutan ta, kerta. Gek arep ditanduri apa ?”
Pak Kerta : ”Kirangan niki Lurahe. Dipun tanemi jagung asilipun inggih boten maremaken. Dipun tanemi pohung inggih kirang sae.”
Pak Lurah : ”Pancen ya ndilalah. Tegalanmu iki sarwa ngewuhake. Gek lemahe bae cengkar kaya ngene. Lemah padhas putih. Banyu saka kali ngisor kae, upama bisa diunggahake ya kedhuwuren. Lha kowe kok ya tlaten temen duwe garapan kaya ngene.
Pak Kerta : ”Lerese ngaten nggih boten tlatos, Pak. Lha nanging badhe pripun malih. Napa ajeng nggarap tegale tiyang sanes ?”
Pak Lurah : ”Karepku ngene lho, Pak Kerta. Tinimbang ing desa kene tegalanmu ora bisa ngetokake asil kang becik, mbok iya melu ndhaptarake transmigrasi kana.”
Pak Kerta : ”Wah, pripun nggih Lurahe. Menawi ndherek transmigrasi niku ketingale kok tebih sedherek. Gek manggene mawon teng tanah sabrang ngrika. Menawi sakit sinten malih ingkang dipun sambati.”
Pak Lurah : (Gumuyu) ”Ah, Pak Kerta .... kowe ki kok aneh. Coba Wagiman, tangga wetanmu kae, utawa Kamidi anake Wa Kasan kae! Saiki genah uripe kepenak ing Sitiung kana. Sawah duwe, omah duwe, pametu cukup. Malah gajege dhek Riyaya wingi kuwi iya bisa tilik ngomah.
Pak Kerta : ”Leres ngendikan sampeyan Lurahe. Nanging niku rak sing keleresan. Pikantuk panggenan sekeca.”

53