Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Panganggone aksara swara :

Mung kanggo nulisi tembung manca. Aksara swara iku ora wenang dadi pasangan.

Tuladha :

  1. ꦄꦭ꧀ꦭꦃ = Allah
  2. ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ = Eropa
  3. ꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦃ = Amerika
  4. ꦌꦁꦧꦺꦴ = Eng bo
  5. ꦆꦱ꧀ꦏꦏ꧀ = Iskak
  6. ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ = Inggris
  7. ꦈꦩꦂ = Umar
  8. ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ = Usman
  9. ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ = Oktober
  10. ꦎꦂꦣꦼ = Orde
  11. ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ = wulan April
  12. ꦠꦲꦸꦤ꧀ ꦌꦲꦺ = taun Ehe
  13. ꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ = namanipun Usman
  14. ꦗꦩꦤ꧀ ꦌꦂꦭꦁꦒ = jaman Erlangga
  15. ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ ꦎꦁꦏ = nulis angka
  16. ꦩꦼꦢꦭ꧀ ꦈꦱ꧀ꦠꦿꦭꦶ = medal Ustrali
  17. ꦧꦶꦱ꧀ ꦌꦏ꧀ꦱꦼꦥꦿꦺꦱ꧀ = bis ekspres
  18. ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ = wulan Oktober

50