Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA


 Nuwun kangge mbantu nyekapi kabetahan mucalaken Basa Jawi ing SMP kula ndhapuk buku MARDI JAWI Ingkang adhedhasar KURIKULUM SMP, Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Daerah ingkang kadhapuk dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta Agustus 1987.

 Esthining manah, mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados cepenganipun para siswa ing SMP anggenipun sami gumregut anampi piwucaling gurunipun ing babagan basa Jawi pusaka saking leluhur kita ingkang kedah dipun emi-emi turun-temurun.

 Minangka pamecuting pasinaonipun para-siswa, pandhapukipun buku punika ing pangarah migunakaken cara ”pendekatan CBSA” kanthi prasaja, antawisipun arupi :

 — katerangan-katerangan ingkang gampil katampi,
 — tugas-tugas klompok piyambakan ing griya,
 — srasehan klompok,
 — latihan-latihan.

 Mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados ancer-ancer tumrapipun kanca-kanca guru ing SMP anggenipun sami nenuntun lan nenangi para siswanipun amrih saged ngginakaken Basa Jawi kanthi : teteh, titis, leres, tuwin sageda maos lan nyerat mawi aksara Latin/Jawi ingkang leres.

 Buku MARDI JAWI punika dumados saking 3 jilid, inggih punika :
 — Jilid 1 kangge siswa kelas I
 — Jilid 2 kangge siswa kela II
 — Jilid 3 kangge siswa kelas III

 Wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi wontena paring panjenengan pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning buku MARDI JAWI punika.

Surakarta, April 1989

aturipun
Pandhapuk