Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

b. Panambang i manawa karakelake Ing lembung kang wandane pungkasan arupa wanda menga (a, i, u, e, o):
— wandane pungkasan owah dadi e utawa o
— panambang ini (lingga + an + i |)
Tuladha :
pati + i → pati + an + i → paten + i → pateni
laku + i → laku + an + i → lakon + i → lakoni
sade + i → sade + an + i → sade + i → sadeni
bodho + i → bodho + an + i → bodhon + i → bodhoni
gawa + i → gawa + an + i → gawa + i → gawani
Panulise nganggo aksara Jawa :
pateni → ꦥꦠꦺꦤꦶ
lakoni → ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
sadeni → ꦱꦣꦺꦤꦶ
bodhoni → ꦧꦺꦴꦣꦺꦴꦤꦶ
gawani→ ꦒꦮꦤꦶ
2. Pangrimbaging tembung mawa ater-ater anuswara + i:
a(N) + sapu + i → nyaponi
a(N) + waca + i → macani
a(N) + tuku + i → nukoni
a(N) + uni + i → nguneni
a(N) + sade + i → nyadeni
a(N) + bodho + i → mbodhoni
a(N) + pasa + i → masani
a(N) + ronce + i → ngronceni
a(N) + loro + i → ngloroni
3. Tegese panambang !
a. ngleboni guwa = mlebu ing guwa
 ngunggahi gunung = munggah ing gunung.
b.ngirimi layang marang bapake = kirim layang marang bapake
mbasani wong cilik