Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Ukara-ukara ing ngisor iku endi sing kalebu ukara bawa, ukara tanduk transitip, ukara tanduk intransitip, ukara tanggap !

  1. Bapak wis rawuh.
  2. Mencoku pinter ngoceh saiki.
  3. Aku nggawa buku wacan.
  4. Buku wacan dakgawa.
  5. Bocah-bocah padha nembang
  6. Aku bisa nembangake tembang gedhe.
  7. Narti disangoni eyang putri.
  8. Eyang putri nyangoni Narti.
  9. Pamanku apeputra telu.
  10. Krambile'lagi kumrempah.
  11. Saiki aku ngantuk banget.
  12. Aku arep turu sedhela.
  13. Udane kumrosak.
  14. Lakune mangetan.
  15. Gagasane biyen kae wis maujud.
  16. Mangga kita sami asesanti.
  17. Aku lagi nggendhong Tono.
  18. Pitikku lagi ngendhog.
  19. Sampeyan kula. ampiri kemawan.
  20. Artanipun adhi kula dipun celengi.

V. NULIS

TULISAN NGANGGO PANJINGAN LA (ꦭ)

A. Tamatna, wacanen, banjur turunen !

ꦏ꧀ꦭꦱ : Klasa


ꦏ꧀ꦭꦶꦭꦶꦥ꧀ : Klilip


ꦏ꧀ꦭꦸꦫꦸꦏ꧀ : kluruk


ꦏ꧀ꦭꦼꦊꦥ꧀ : klelep


ꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ : klomoh