Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. urip durung lau aku nemoni lelakon kaya ngone Iki,
  2. Olehku ngrampungake gambaran iki nganti sadina .....
  3. Anggonku nunggoni embah gerah nganti sawengi .....
  4. Kandhamu mung sadhela, kok nganti sasore..... lagi teka.
  5. Olehku pen brah sakesuk.....nanging ketok irunge bae ora.

II.PARAMASASTRA

UKARA BAWA

A. Tuladha iki gatekna!
(1). Bocah iku / nakal
(2). Pedhangku / agaran gadhing
(3). Narta / malumah bae
(4). Sirahe / kethuthuk
(5). Wong iku / kumalanda
(6). Drijine / kamiseseten
(7). Suwarane / gumuruh
Katrangan :
— Ukara-ukara ing dhuwur iku wasesane awujud tembung kaanan, yaiku arupa :
- tembung lingga
- tembung andhahan mawa ater-ater, a, ma, ke, kuma, kami, lan seselan um.
— Ukara kang wasesane awujud tembung kaanan kaya ing dhuwur iku diarani ukara bawa.
B. Coba gawea ukara bawa Adang tembung tembung ing ngisor iki!

kumemping
kumedom
maguru
madhukun
akembang
atudhung
rumujak
jinambak
kepacul
kebentus

kumrujak
kumawasa
kamigilan
kamibocah
kamitenggengen
asesaji
apeputra
mangidul
manjalma
maujud