Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
iki panjenengan mirsani ana jaran-jaran kang dijangkepi sandhangan arupa kanthong-kanthong regedan ing pener ngisor buntute.
Mesthi bae iki mujudake pambudidaya amrih tlethong jaran ora pating bececer sadalan-dalan. Lan kang kedadeyan durung suwe iki para pelayan jasa tetumpakan jaran sarta tukang potret ing Sarangan wis kasil gawe wadhah organisasi sarta koperasi. Diajab kanthi wadhah organisasi lan koperasi mau bisa tansaya nggrengsengake pakaryan lan dadi pamecut tumrap kemajuane jagad ing Sarangan kana.

Mula bukane Tlaga Sarangan

Miturut gotheking ngakeh duk ing nguni tlaga Sarangan mau awujud sawah kang jembar. Ing kono dedunung sawijining Ulama kang apeparab Kyai Pasir. pancen Kyai Pasir mau dudu asli pedunung kono. Kyai saka desa Sawunggondhang iki dhedhepok ing kono jalaran kepengin nggarap sawah lan methik asile tanem tuwuh ing laladan kono. Apa maneh Kyai Pasir nduweni gegayuhan luhur, kepengin melu-melu nyebarake agama Islam ing pereng sisih wetan Gunung Lawu.
Suwening-suwe Kyai Pasir mau klakon ketemu jodhone. Ora adoh saka papan padunungane. Bojone Kyai Pasir iya bocah desa kono bae, kang sateruse katelah Nyai Pasir. Nanging iya saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa, anggone jejodhowan Kyai lan Nyai Pasir mau kena diarani gabug. Ora bisa nurunake anak siji-sijia. Mula kanggo ngregengake balewisma banjur mupu anak lanang siji kang aran Jaka Linglung, utawa asring diparabi Jalilung.
Anggone urip tembayatan ayem tentrem, tansah mong-kinemong lan sih-sinihan, senajan pakaryan saben dinane mung tetanen. Nuju sawiji dina Kyai Pasir antuk osiking Gusti Kang Maha Kuwasa, gelema njupuk endhog cacah loro kang dumunung ing tunggak kayu satengahe sawah kono. Endhog mau sawise diwenehake Nyai Pasir banjur digoreng. Asile dipangan bebarengan Kyai Pasir lan Nyai Pasir.
Nanging eloke kaanan, sawise mangan endhog mau sakojur awake Kyai lan Nyai Pasir banjur ngrasa gatel-gatel. Ora leren-leren anggone tansah kukur-kukur supaya rasa gatel mau dadi ilang. Rasa gatel mau ora ilang dhestun saya ngranuhi.

19