Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 2

I. WACAN

A. Wacanen batin !

TLAGA SARANGAN


Manawa disawang saka kutha Ngawi, utawa disawang saka kutha Sala,Gunung Lawu blegere kaya buta turu. Ndlujur anteng mrebawani. Nanging manawa diparani engga tekan pucuke jebul mengku kaendahan kang anglam-lami.
Ing ereng tembing kulon, tinemu papan wisata Tawangmangu kang kondhang kanthi sesawangane rupa Grojogan Sewu. Dene ing ereng tembing wetan rinengga kaendahan mligi, arupa tlaga Sarangan. Crita bab kaendahaning Gunung Lawu kaya-kaya ora ana enteke. Apamaneh nyritakake kaanane Tlaga Sarangan.
Tlaga kang jembar ngilak-ilak iki klebu wewengkon Kabupaten Magetan. Dene dhuwure papan endah iki udakara 1.287 meter saka lumahe segara. Ora beda karo Tawangmangu ing tembing kulon, munggah tekan Sarangan hawane adhem trecep-trecep, atis ing kulit. Miturut cathetan manawa wanci bengi suhu ing kana bisa nganti 16° Celsius.
Manawa kapinujon libur utawa ana wektu longgar, para andon wisata bisa tindak Sarangan. Saka kutha Magetan isih munggah ndeder udakara 17 km. Utawa manawa tetumpakan kang dijak lumaku arupa mobil kang sehat, bisa liwat Tawangmangu. Terus munggah udakara 15 km. Dalane alus, menggak-menggok, lan sesawangane nengsemake.
Miturut katrangan saka Dinas Pariwisata Kabupaten Magetan, ing saben dinane ora kurang 500-an para andon wisata, iya sing domestik apadene wisatawan manca, padha ngendhangi Tlaga Sarangan. Kanthi mangkono pehak Dinas Pariwisata sajake sengkut mbudidaya amrih Tlaga Sarangan bisa katon tansaya nengsemake lan narik kawigaten. Pambudidaya mau awujud pelayanan wisata kang tansah becik, apadene mranata papan-papan panginepan, losmen lan villa-villa ing babagan kaendahan lan karesikane. Mula aja kaget manawa ing papan

18