Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
4). Dielingna Pangeran mana Sidi kae saka tindake kang ora bener. (tegese : muga-muga dielingake).
5). Kowe maneh dijalukna dhuwit, aku bae ora. (tegese : mokal dijalukake).


B. Latihan

Gawea ukara kang nelakake upama, pangare-arep, pangajab, mokal kelakone kang adhapur kaya ing tuladha a, b, c ing dhuwur iku niji bae !


VI. KASUSASTRAN

A. Pethikan candraning alam ing ngisor iki wacanen batin lan rasakna, banjur wacanen kang sora kanthi lagu/pocapan kang cocog karo isine !


REMBULAN ANDHADHARI

Ing tancebing langit ing sisih wetan katingal cahya amancorong, anyoroti sawarnaning mega lelapisan, saweneh wonten ingkang abrit mereh-mereh, wonten ingkang jene sepuh kados mas sinangling, wonten ingkang kapuranta, saha wonten ingkang pethak memplak, kados-kados minangka sumber asaling sorotwau sadaya, jer sakiwa tengenipun katingal cetha ngegla, tandha bilih pancen punika wau saestu ingkang nyata suka papadhang, suka lejar ing manah dhateng sok sintena ingkang purun ngraosaken dhateng endah edining bawana.

Punapa ta ingkang njalari wontenipun cahya endah edi marakata makaten punika. Boten sanes inggih punika badhe jumedhulipun sang sitaresmi, jumedhul angleresi wulan purnama. Saya sakedhik saya dangu pasuryanipun sang hyang Badra saya katingal ngalela wetah cetha wela-wela andedel mumbul, sakedhap-sakedhap kasaput ing mega sawalawis, katingal surem-surem adamel lam-laming mana. Sareng mega ingkang nutupi wau kabuncang ing samirana aris, sang hyang Wulan katingal sumeblak mancorong mandhangi jagad raya, anggelar praba, cahyanipun mancur sumirat, kados-kados ang-

139