Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- Yen gelem tumandang ya aja sagelem-gelem (= waton sagelem)
- Uruna to sabisa-bisamu (= sapira bisamu).

c. Kang kagolong tembung kaanan, tegese warna-warna :
- Sadurunge kowe njedhul atiku melang-melang (= tansah melang).
- Yen kowe tlaten neniteni suwe-suwe bisa dadi pinten (= sangsaya suwe).
- Bocah iki gedhe-gedhe kok dadi nakal (= bareng gedhe).
- Ayo banter-banteran numpak sepedha (= adu banter).
- Gulane ya mung kari kuwi, mula anggonmu ngolak ya salegi-legine (= apa anane legi).
- Sathithik-sathithik isih ana sing diarep-arep (= sanajan sethithik).

DWIPURWA

A. Gatekna!

1. Rimbag dwipurwa iku wanda kawitane kudu katulis nganggo e (pepet)
lara → lalara → lelara
tuku → tutuku → tetuku
pitu → pipitu → pepitu
wèwèh → wèwèweh → wèwèweh
donga → dodonga → dedonga
njupuk → njupuk → njejupuk
griya → gigriya → gegriya
gramang → gagramang → gegramang

2. Kang ora kena diwipurwakake:
a. Tembung kang luwih saka rong wanada, kaya ta:
prasaja, pitutur, tembako
b. Tembung kang apurwa akasara swara (a, i, u, e, é, o)
amek, idin, udan, eman, obah

B. Tegese rimbag dwipurwa
- Kekudhung godhong gedhang (= nganggo kudhung)
- Sapa tetuwane kamping iki? (= sing dianggep tuwa)
- Bakul bumbon iku menyang pasar kekulak (= ngayah apa sing di kulak)
- Aja padha ngalalekake leluhur (= kabeh sing kagolong luhur) - Dokter nglarangi mangan pepedhes (= kabeh kang pedhes) - Tetiyang dhusun sami tetane (= umume tiyang) (= nindakake pakaryan tani)

DWIWASANA

A. Gatekna !

Rimbag dwiwasana iku dumadine saka tembung ngrong wanda kang karangkep wandane wekasan kaucapake kaping pindhi, wandane kapisan aswara e (pepet).

136