Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kanthi pikukuh layang saka Palang Merah Internasional nomer 392, lan Palang Merah Indonesia kacathet minangka anggota kang kaping 68. Madege PMl iki tansaya kuwat lan ngrembaka awit dening pamarentah Rl uga wis disahake rikala tanggal 16 Januari 1950. Ing kono ditetepake manawa PMI mujudake siji-sijine organisasi Palang Merah ing Indonesia. Lan nitik kaanan kang tansaya ngrembaka, saprene cabang-cabang PMI wis sumebar warata ing saindenging bumi Indonesia. Kacihna ing meh saben kutha kabupaten apadene kotamadya bisa diprangguli anane kantor-kantor PMI.


Lelabuhane PMI

Sawatara wektu sawise mandireng dadi organisasi sosial, PMI antuk tugas abot kang ndarbeni sifat internasional. Tugas-tugas kasbut yaiku :

  1. PMI duwe kuwajiban masrahake wong-wong Walanda cacah 35.000 marang Sekutu, kamangka papane pating slebari ing saindenge Indonesia.
  2. Mbalekake wong-wong Cina menyang dhaerah pendudukan Walanda.
  3. Mbalekake para romusha menyang desane dhewe-dhewe.

Wondene bab-bab liya kang kudu digarap dening PMI pancen ora entheng lan ora sethithik. Prastawa-prastawa alam iya kang abot apadene kang entheng, dadi kuwajibane PMI kang kudu diprantasi. Kejaba saka iku pakaryan-pakaryan sosial, iya kang arupa bantuwan pangan, sandhang apa dene bantuwan liyane, PMI kudu saguh dadi penyalur kang nekakake kiriman marang kang wajib nampa.

Ana maneh sumbangan ing babagan kasarasan yakuwi kang asring sinebut PPPK, ngumpulake para donor getih lan nindakake transfusi getih. Mula saka kuwi senajan katone sepele, nanging miturut kanyatane pakaryan kang kudu diayahi PMI satemene cukup abot. Apa maneh manawa pinuju akeh prastawa alam kayadene banjir bandhang, lindhu, pakampungan kang katrajang lesus saengga nuwuhake kurban atusan cacahe, kabeh mau PMI kang kudu cancut.


130