Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

"Ah ya ora. Suk yen wis gedhe rak pinter basa. Iki rak isih cilik,” sambunge Jatmiko.

"Iya, iya. Bener kandhamu Nang. Setan kuwi uga makhluke Gusti Allah. Lan setan mono dikeparengake nggodha manungsa. Nanging ing Janji mbesuk saguh manggon ing neraka. Lha saiki kari manungsa sing kudu pinter milih. Gelem digodha setan banjur ninggal taqwa lan bektine marang Gusti Allah, apa ora nggugu ajakane setan lan tetep taqwa sarta bekti marang Gusti Allah ?"

Piwelinge Pak Nurhadi pancen dirungokake kanthi tumemen. Kira-kira ana sepuluh menit lumrahe Pak Nurhadi aweh pitutur mangkono iku. Lan manawa bubar sholat jama'ah, iya Jatmiko kuwi sing iwut nglempit klasa lan sajadah.

Kulawargane Pak Nurhadi senajan ngrungkebi agama Islam pancen tansah digulawenthah amrih rukun lan urip bebarengan karo tangga kang nduweni agama liya. Iki dingendikakake rikala sholat jemaah wingi kae, “Aja seneng ngina marang agama liya. Awit ngina agama liya ngono padha bae kowe ngina agamamu dhewe.”

Mulane Bu Nurhadi, Sri Rejeki, Jatmiko lan Aminah uga ora mbedak-mbedakake. Contone Bu Nurhadi mono raket karo Bu Daniel. Uga Jatmiko memitran becik karo Adreas. Lan Sri Rejeki uga mangkat bebarengan karo Margaraiha, putrine Pak Antonius.

Nggulawenthah putra tumrap Pak Nurhadi pancen diwiwiti rikala bocah isih cilik. Iya ing babagan pendidikan apadene ing babagan agama. Aja nganti putra-putrane ing tembe dadi bocah kang fanatik mung mberung ngugemi benere dhewe tanpa ngajeni lan ngurmati liyan. vLan ngendikane Pak Nurhadi sing kudu tansah dieling-eling marang kulawargane, yaiku sadurunge turu kudu ndedonga dhisik. "Gusti Allah mono ngersakake umate ing sawayah-wayah, tanpa wara-wara luwih dhisik. Manawa kowe ndedonga dhisik sadurunge turu, istingarah bisa slamet ora diganggu gawe setan. Upama kapundhuta bali, klebu ewone wong-wong kang khusnul khotimah.”

Yen bubar antuk pituduh mangkono, Jatmiko lan Aminah lumrahe banjur dikeparengake nonton tivi. Dene Sri Rejeki nutugake anggone sinau.


99