Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 9


I. WACAN
A. Wacanen batin sing premati !

TAQWA MARANG ALLAH TA'ALA

Swara adzan lagi bae ngumandhang. Tanpa diprentah Jatmiko banjur nggelar klasa. Bubar mangkono dheweke uga banjur adzan, swarane cumengkling. Pancen wis dadi pakulinan, manawa pinuju nglumpuk kabeh ngono kuwi, kulawargane Pak Nurhadi padha sholat bebarengan. Pak Nurhadi sing madeg dadi imam, dene Bu Nurhadi, Sri Rejeki, Jatmiko, lan Yu Pariyem dadi makmum.
Sholat bebarengan iki katindakake, lumrahe manawa pinuju sholat Maghrib utawa ngisak.
"Sholat bebarengan mono gedhe ganjarane,” ngendikane Pak Nurhadi sawise rampung maca dzikir. Lumrahe Pak Nurhadi banjur aweh pitutur, kanthi lelandhesan marang qur'an lan Hadis.
Pitutur mangkono mau pancen migunani. Iya pitutur kanggo kulawarga, kanggo putra-putra, apa dene pitutur kanggo rewange. Tumrap Pak Nurhadi senajan rewang pisan, manawa wis nunggal saomah wis dianggep kaya dene kulawarga dhewe. Contone Yu Pariyem iku. Dheweke wis tetaunan ndherek kulawargane Pak Nurhadi.
"Taqwa lan bekti marang Gusti Allah, satemene ora yen mung kelingan wae. Nanging sawanci-wanci, kudu tansah kelingan. Manawa kelingan mung kadhangkala wae, kapinujon lali banjur dileboni setan,” ngono ngendikane.
"Pak, setan kuwi kok diumbar terus ta ? Mbok dikunjara bae kareben ora bisa uwal lan ora nggodha manungsa,” Jatmiko nyela-nyela.
Pak Nurhadi gumujeng. Semono uga Bu Nurhadi lan Sri Rejeki. "Wah pinter banget kowe Jat, Senajan isih cilik nanging pikiranmu urip,” ngono Pak Nurhadi ngalembana.
"Lha dhik Jatmiko kuwi, ora basa karo bapak kuwi iya digodha setan,” Sri Rejeki sing dhasare wis sekolah SMP mbebeda.

98