Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

9. a. Jalaran sampun boten wonten ingkang wani ngindhak

 i, lembunipun dipun culaken Rp 50.000,00.
 b. Sarehne sampun boten wonten ingkang wani ngindhaki,
lembunipun dipun culaken Rp 50.000,00.
10. a. Sarasehan punika ngrembag bab kapreluaning pakempal-

 an.
 b. Sarasehan punika ngrembag bab betahipun pakempal-

 an.

IV. Kesusastran
Manut nom-tuwane kasusastran Jawa iku kaperang dadi te-
lung perangan, yaiku :
Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan lan Ka-
susastran Jawa Anyar.

A. Kasusastran Jawa Kuna (. . . - nganti taun 1400 )
   Basane  : Jawa Kuna
   Pusere  : Tanah Jawa Wetan
   Moncer-moncere : Jaman Kedhiri
   Tembange  : Kekawin
   Umpamane  :

   1. Buku Ramayana (kekawin, sing ngarang ora kasumurup-
      an).
   2. Buku Mahabharata (gancar, sing ngarang uga ora kasu-
      murupan).
   3. Arjuna Wiwaha (kekawin, sing ngarang Empu Kanwa).
   4. Baratayuddha (kekawin, sing ngarang Empu Sedah lan
      Empu Panuluh).


B. Kasusastran Jawa Tengahan
   Basane : Jawa Tengahan
   Pusere : Jawa Wetan, Bali, lan Jawa Tengah
   Tembange: Kidung

90