Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Tuladha :

Pujangga ageng Ki Padmasusastra miyos kala ing tengah-tengahing abad ingkang kaping 19.

Ukara kuwi salah, benere :
Pujangga ageng Ki Padmasusastra miyos kala ing kiwa tengenipun taun 1850.

Ukara-ukara ing ngisor iki endi sing bener ?

  1. a. Ing awaling wulan ngajeng kula badhe ndherek paklik dhateng Bali
    b. Benjing wulan ngajeng tanggal enem kula badhe ndherek paklik dhateng Bali.
  2. a. Ing akiring wulan Bakdamulud bapak badhe kagungan damel mantu.
    b. Benjing wulan Bakdamulud tanggal sepuh bapak badhe kagungan damel mantu.
  3. a. Ing rambahan ingkang kaping kalih napasipun wiwit ngangsur-angsur.
    b. Sareng rambah kaping kalihipun napasipun wiwit ngangsur-angsur.
  4. a. Pamedaling kebon boten nyekapi kangge betah padintenan.
    b. Pamedaling kebon boten nyampeti betah padintenan.
  5. a. Ingkang ningali sabagean ageng para turis manca negari.
    b. Ingkang ningali ingkang kathah para turis manca negari.
  6. a. Gandheng kaliyan deresing jawah lepen-lepen sami banjir.
    b. Saking deresing jawah lepen-lepen sami banjir.
  7. a. Kula kepengin sanget sowan bulik, nanging boten gadhah wekdal.
    b. Kula kepengin sanget sowan bulik, nanging boten kober.
  8. a. Amargi ketelasan ragad, anggenipun damel griya boten dipun lajengaken.
    b. Anggenipun damel griya boten dipun lajengaken, amargi ketelasan ragad.


Mbs-2- 89