Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Tuladha :

Wong guna iku wong kang nggilut babagan kagunan.
Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
  1. Yen dietung cara wong potang dhuwit, utange anak marang .... iku akehe tanpa petungan.
  2. Diran kae lucu ya, ingatase anake ...., kok ora bisa nyekel doran.
  3. Jaman saiki, jaman mardika, ora ana bedane priyayi karo ......
  4. Jirun kae karo wong tuwaku keprenah putu ponakan, nanging rehning watake sumugih, tangkepe marang kula wargaku kaya ..............
  5. Pak tani nemu akal, gawe .... diblonyo ing pulut, banjur ditancebake ing tengahing tegal timune, karepe kanggo medeni kancil.
  6. Aja seneng .... liyan, tepakna piye rasaning atimu yen kowe sing ketaman.
  7. Watak adigang, adigung lan ..... iku pepalang marang kaluhuran ing budi.
  8. Raden Wisanggeni sekti ....., ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda.
  9. Jaman saiki akeh ibu kang melu sengkut ngupa boga, ora mung nampani ............. sing kakung.
  10. ..... wayang iku anane ing kalangan kejawen wis pirang-pirang atus taun.

  1. wong tani
  2. wong tuwa
  3. wong cilik
  4. wong-wongan
  5. wong liya
  6. wong gedhe
  7. adiguna
  8. ngguna gawe
  9. kagunan
  10. mandra guna
  11. guna kayane
  12. piguna

Mbs-2-87