Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Sapa sing diarani wong guna iku ?
  2. Pujangga kuwi ing jaman kuna kepriye tegese ?
  3. Ing jamane Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, sapa kang diarani pujangga iku ?
  4. Ing kalangan Jawa, pujangga iku kudu murapuni kaluwihan pirang prakara ?
    Coba aranana !
  5. Coba aranana asmane para pujangga kang padha kagungan kalimpadan kasebut ing angka 4 kuwi !


III. Kawruh basa

A. Tuladha :

  1. Wong guna iku wong kang nggilut babagan kagunan.
  2. Wong guna iku wong kang marsudi babagan kagunan.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Kagunan iku wohing pakartine manungsa kang bisa ndudut rasa kaendahan.
  2. Dhek jaman kuna pujangga iku golonganing pandhita kang dadi paran-paraning ratu.
  3. Pujangga mau caos wawasan ing bab-bab kang wigati, babagan kaprajan lan agama.
  4. Dhek jaman jumenenge Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, pujangga iku ewoning abdi dalem kraton.
  5. Yaiku, abdi dalem kraton kang ayahane mligi nganggit-anggit, marsudi kawruh lan gawe sarasilahing ratu.
  6. Pujangga kang misuwur yaiku Raden Ngabei Ranggawarsita
  7. Ing kalangan kejawen, pujangga iku kagungan kalimpadan wolung prakara.
  8. Mardi basa, tegese sregep nggegulang basa.
  9. Awicarita, tegese mangun carita kang becik.
  10. Mandraguna, tegese wasis lan mumpuni.


86