katuntun ing rasa endah.
Wong guna (seniman) ing babagan basa, utawa ing babagan
sastra, diarani pujangga.
Dhek jaman kuna, pujangga mono golonganing pandhita kang dadi paran-paraning ratu, yaiku kang tansah dipundhuti wawasan bab kang wigati, babagan kaprajan lan agama.
Dhek jaman jumenenge Ingkang Sinuwun Paku Buwana II, pujangga mono ewoning abdi dalem kraton. Ayahane mligi nganggit-anggit, marsudi kawruh lan gawe sara-silahing ratu. Pujangga dalem kang misuwur yaiku Raden Ngabehi Rang- gawarsita.
Ing kalangan kejawen, pujangga iku kagungan kalimpatan 8 prakara. Yaiku :
- Parameng sastra utawa awisastra, tegese : pinunjul ing babagan kasusastran.
- Parameng kawi, tegese pinunjul ing kawi. Kawi tegese tembung kang kuna-kuna kang kamot ing buku-buku kuna.
- Mardi basa utawa awibasa, tegese sregep nggegulang basa.
- Mardawa lagu, tegese ahli tembang lan gendhing.
- Nawung kridha, tegese alus pangrasane, bisa tanggap ing rasa lan krenteging liyan kang durung kawetu.
- Sambegana, tegese duwe sipat lan tindak utama.
- Awicarita, tegese pinter mangun carita kang becik.
- Mandraguna, tegese wasis lan mumpuni.
Wondene para pujangga kang kagungan kalimpadan wolung prakara iku, yaiku : Sinuwun Paku Buwana III, Sinuwun Paku Buwana IV, R.Ng. Yasadipura 1, R.Ng. Yosadipura II, R.Ng. Ranggawarsita, lan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangku Nagara IV.
Ing jaman saiki waton wasis nganggit-anggit, lan anggitane diarepi ing bebrayan, wis diarani pujangga.
Mbs-2- 85