Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pakdhe : “Sik ta sik, Pakdhe karo ngeling-eling ning anggonku nerangake liya dina bae ya ?”
Siswanta : “Inggih Pakdhe.”
Pakdhe : “Pujangga iku kudu duwe kaluwihan warna-warna, kayata : awibasa, awicarita, awisastra, parameng kawi, mardawa lagu, nawung kridha, lan sambegana.”
Siswanta : “Wah, wah, wah. Tembung semanten kathahipun kok antik sedaya.”
Pakdhe : “Kuwi jenenge dudu tembung antik. Jenenge tembung dakik. Liya dina dakterangake.”
Siswanta : “Saderengipun matur nuwun, Pakdhe.”
Pakdhe : “Ya, tiba padha-padha.”


B. Wacanen !

  1. Dak nulis ah, timbang thenguk-thenguk !
  2. E, dak tulise, kareben gelis rampung !
  3. Layang kabar iki bok dak silihe !
  4. Wis awan, aku dak mulih, ah !
  5. Dak mbayar saiki bae ya ?
  6. Dak ngaso sawetara, aja padha rame-rame !
  7. Ah, wis meh ujian, dak srempenge olehku sinau !
  8. Sesuk dak mampir, kowe rak ora lunga-lunga, ta ?


II. Maca titi

A. Wacanen sing titi !


Pujangga


Wong guna iku wong kang nggilut ing babagan kagunan. Dene kagunan mono wohing pakartine manungsa kang bisa ndudut rasa kaendahan. Tembunge liya kagunan iku kesenian. Dene wong guna iku uga diarani seniman. Yaiku wong kang bisa agawe pakarti kang endah lan agawe para kang ngrasakake


84