Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN X

I. Pacelathon

Tindakna !

Pujangga
Siswanta : "Pakdhe, pujangga mekaten punapa sami kaliyan
pujangga ing wucalan basa Indonesia punika ?"
Pakdhe : "Kena diarani padha, ning ya beda."
Siswanta : "Kados pundi Pakdhe, kok dereng ndungkap ku
la. Padha ning beda, punika kok angel."
Pakdhe : "Coba daktakoni dhisik. Pujangga basa Indone
sia kuwi kepriye terange?"
Siswanta : "Wah, Pakdhe ki kok ndadak ngetes. Menawi
boten lepat pujangga punika para ahli basa,
langkung-langkung sastra."
Pakdhe : "O, apa sing kokarepake ki sastrawan ngono kae.”
Siswanta : "Kesinggihan mekaten, Pakdhe."
Pakdhe : "Gene kok pinter, kok ndadak takon Pakdhe.
Lha saiki nek pujangga basa Jawa piye?"
Siswanta : "Pakdhe, dos pundi ta punika, kula punika nyu
wun priksa kok malah dipun dhawuhi nerang
aken. Rak kwalik ngaten Pakdhe namanipun."
Pakdhe : "Ya wis ta yen ngono. Dakarani kowe mau rak
mung mbalung krambil, ethok-ethok ora ngerti.
Wong nyatane mau bisa nerangke ngono kok."
Siswanta : "Witing klapa, Pakdhe, kula matur lugu."
Pakdhe : "Wah, Siswanto nyolong pethek. Wangsalan ba
rang nricis ngono."
Siswanta : "Gurunipun rak Pakdhe ta. Boten ngical-icalaken
anggenipun mucal ngaten. Saestu, Pakdhe, kula
nyuwun priksa bab pujangga menggah pangertos
an Jawi punika kados pundi."

Mbs-2- 83