Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi !


Sekar Macapat


Wiwit kina-makina tiyang Jawi seneng sekar. Miturut umur-umuranipun, sekar mekaten warni-warni. Ingkang kina piyambak sekar kekawin, lajeng kidung, lan ingkang enem piyambak sekar macapat. Sabarakan kaliyan sekar macapat punika wonten malih sekar kalih warni, inggih punika sekar ageng lan sekar tengahan.

Wonten malih iketan kados dene sekar macapat, liripun sanes gancaran, inggih punika lelagon dolanan lan rumpakan ingkang kedayan mekaripun puisi moderen.
Sanajan rumpakan puisi gagrak anyar punika kraos kaiket ing wewaton, nanging boten kenceng sanget kados dene iketaning sekar macapat.

Menggah cacahipun sekar macapat lamis sedaya wonten 11 iji. Inggih punika : Maskumambang, Pucung, Gambuh, Megatruh, Kinanthi, Mijil, Durma, Pangkur Asmaradana, Sinom, lan Dhandhanggula.

Saben tembang gadhah watak utawi raos piyambak-piyambak. Liripun menawi badhe nglairaken raos sisah beda tembangipun kaliyan menawi badhe medharaken raos nepsu, sereng, lan sapanunggilanipun.

Sekar macapat ingkang cacahipun sewelas warni punika wonten ingkang luwesan, kangge medharaken raos punapa kemawon sarwa mungguh. Inggih punika sekar Sinom, lan sekar Dhandhanggula.

Kajawi gadhah raos piyambak-piyambak, saben sekar macapat ugi gadhah paugeran piyambak-piyambak, inggih punika ingkang kawastanan :

a. guru gatra, inggih punika cacahing gatra saben sapada;
b. guru wilangan, inggih punika cacahing wanda saben sagatra;

Mbs2- 75