Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Edi : "Ya, ta. Ning aku wurukana ya. Tembang
pat piye."
Marma : "Wong aku ki ya durung pinter kok. iki mau
aku lagi ajar, lagi arep ngapalke."
Edi : "Lha iya, aku ya seneng. Malah yen oleh, aku
dak melu ndhaftarke."
Marma : "Tenan pa piye. Nek tenan tak terke, wong
durung telat kok."
Edi : "Aku babar pisan durung ngerti ki. Ning jan-jane
seneng banget."
Marma : "Aku ya mung gaco seneng lan karep kok, Ed.
Witikna sapa sing gelem nguri-uri, yen ora awake
dhewe. Yen nganti cures rak eman-eman."
Edi : "Tenan ya, Mar. Aku wurukana, yen latihan
bareng."
Marma : "Iya, iya, aja kuwatir."


B. Wacanen !

  1. Ah, wis awan, ayo padha mulih !
  2. Ayo, ta, padha mbayar saiki bae!
  3. Ah, meh ujian, ayo padha disrempeng olehe sinau !
  4. Ayo, Tulus padha dikandhani !
  5. Mara, pada ditandangi dhewe bae !
  6. Ayo padha dijunjung !
  7. Bok ayo padha ngaso ana kene dhisik !
  8. Ayo pitik kuwi padha dicekel !
  9. Coba, ayo padha nyekel pitik kuwi !
  10. Becike pitik kuwi ayo padha dicekel !

74