Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN IX

I. A. Pacelathon

Tindakna I

Sayembara Tembang Macapat
Edi : "Mar, kowe ki ngapa kok loap-laop, apa kurang
gawean? Ayo nonton ben !"
Marma : "Ora nonton ben, Ed, wong aku lagi nyrempeng
latihan kok."
Edi : "Mula ta, mempenge nganti kaya tip bae. Ayo
nek gelem nonton ben, aku sing mbayari."
Marma : "Matur nuwun, Ed, ana ben sing kondhang ya
kareben, aku trima ana ngomah dhisik, wong
aku lagi arep melu perlombaan kok."
Edi : "Wah, wah, dhek kapan kowe sinau, ujug-ujug
arep melu perlombaan ben kuwi. Kowe mengko
rak oleh nomer nol."
Marma : "Dudu lomba ben kok. Aku arep melu lomba
pop singer."
Edi : "Swaramu ki apik ta ? Ning ya sokur yen
kancaku menang. Mesthine jenenge terus kon-
dhang, kaya................Jajal nyanyia, takbijine !"
Marma : "Wah, wah, Ed, Ed, kemakimu kok ora entek-
entek. Karodene aku ki ora arep melu lomba
nyanyi. Iki pop singer Jawa. Aliyas, lomba
nyanyi tembang macapat."
Edi : "Ha, ha, ha, ha, ha. Mudheng aku saiki. Dadi
anggonmu loap-laop kuwi mau latihan nembang,
ta. Sorry ya, Mar. Yen ngono tutugna, aku dak
nonton dhewe."
Marma : "Mengko dhisik ta. Mbok lungguh-lungguh ke-
ne dhisik. Mengko dakkancani ta wis, angger
gelem rada wengen-wengen."

Mbs-2- 73