Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BEBUKA

Alhamdulillah "Loka Karya Guru Bahasa Daerah SMP - SMA Negeri Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 7 s/d 10 Juli 1977 di Tawangmangu" sampun kasil ndhapuk GBPP Basa Jawi kangge ing SMP lan SMA.
Wontenipun GBPP kasebut, mila lajeng kraos betahipun buku wulangan ingkang láras kaliyan GBPP wau. Awit saking punika kula sakanca ingkang kala semanten tumut cawe-cawe ndhapuk GBPP, rumaos kajibah ndhapuk buku wulanganipun.
Kanthi suka sukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Mahamirah, kula sakanca sampun rampung ndhapuk buku :
 a. Mardi Basa lan Sastra Jawi 1
 b. Mardi Basa lan Sastra Jawi 2,
ing pangajab kenginga kangge cepengan lare-lare ing SMP klas I lan II.
Kula sakanca pitados, bilih buku punika taksih kathah kirang lan cewetipun. Pramila panyaruwenipun para kadang sutresna basa lan sastra Jawi kula tampi kanthi bingahing manah lan matur gunging panuwun.
Ing wasana kula sakanca ngaturaken gunging panuwun datheng
penjenenganipun :
 a. Bapak Drs. Sudarsono, Ka Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah,
 b. Bapak Sumanto, B. A., Pengawas Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah ( Ketua Panitia Penyelenggara Loka Karya ).
ingkang sampun kepareng paring pitedah lan pangestu tumrap karampunganing damel punika.

Semarang, 28 Oktober 1977

Para pendhapuk

Mbs-2- 5