Kaca iki wis dikorèksi
WULANGAN VIII
I. A.Pacelathon
Tindakna!
Ulem
Marsudi: | "Mbah, badhe nyuwun priksa punapa kepareng?" |
Simbah : | "Apa ta, Mar, kok kadingaren." |
Marsudi: | "Anu, Mbah, kula kala wau dipun dangu pak
guru bab serat ulem." |
Simbah : | "Gurumu kok ndangu apa ora priksa. Ya mokal
no yen ora priksa bab kuwi." |
Marsudi : | "Inggih temtu priksa, Mbah. Anggenipun ndangu
punika boten mundhut priksa, nanging sipati - pun maringi pitakenan supados murid-murid gamblang bab punika." |
Simbah : | "Yen ngono kebeneran ta Mar, yen kowe ora
ngerti kari nyuwun priksa, nyuwun diterangake Rak mayar ta, ngono we thik bingung ndadak nyuwun priksa Simbah barang." |
Marsudi : | "Kesinggihan Mbah, ngendikanipun Embah pu-
nika. Nanging pak guru malah dhawuh supados lare lare nyuwun priksa embah utawi bapak- ipun." |
Simbah : | "O, yen ngono wis dhong aku saiki. Kersane
pak gurumu kuwi pikiranmu ben urip, ben golek akal dhewe dhisik, ora terus didulang bae, mundhak mati pikirane." |
Marsudi | : "Mbok menawi pancen makaten Mbah, nyatani-
pun ingkang sampun-sampun kok inggih leres ngendikanipun Embah punika." |
Simbah | : "Bab layang ulem kuwi jan-jane pancen kikrik,
Le. Amarga sipate ki ngaturi rawuh priyayi, mula kudu nganggo unggah-ungguh kang trep. |
Mbs-2-
65