Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. ..... panjenengan kula suwun rawuh, badhe kula suwun ngrencangi mrenah-mrenah aken anggen kula dandos-dandos.
  2. Rusmin sampun asring sanget dipun dukani, ..... boten mantun-mantun kesedipun.
  3. Sugih ..... miskin ingatasipun Ingkang Maha Kuwaos sami kemawon.
  4. Griyanipun kabesmen, ..... kirang pangatos-atosipun.
  5. Sang putri ical gandanipun amis, ...... saking kasektenipun Sang Begawan.
  6. Griyanipun Sumi celak sekolahan, ...... saben dinten temtu kasep.

e. utawi

f. mila

g. nanging

h. dening

j. sabab

i. awit

E. Tuladha :

Ngajengaken tanggal 17 Agustus bangsa Indonesia ngawontenaken ada-ada kerja bakti.
Udhalan :
    bangsa Indonesia : jejer
    ngawontenaken : wasesa
    ada-ada kerja bakti : lesan
    Ngajengaken tanggal 17 Agustus : katrangan wekdal
Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Ngajengaken serap surya kula sakanca sampun dumugi ing pasarean Tembayat.
  2. Ngajengaken sembahyang luhur pak Kabul sampun medal wana trataban punika.
  3. Bakda sembahyang led kula lajeng sowan embah dhateng Tamansari.
  4. Bakda sembahyang magrib lare-lare ngapilaken puji-pujian wonten ing langgar.
  5. Nengah-nengahi mangsa rendheng lepen-lepen sami banjir.

Mbs-2- 63