Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

///. Kawruh basa

A. Tuladha :

 Kerja bakti punika kedah dipun lambari raos lila legawa, kados nandangi ayahanipun
  piyambak.

Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana nganggo tembung saroja kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Manungsa kaparingan....kangge sanguning gesangipun.
  2. Raden Rangga, putra Panembahan Senapati ing Mataram, satriya ......... sekti mandraguna.
  3. Kuciwa ..... Raden Rangga kepara brangasan kasektenipun boten dipun cakaken ing samesthinipun.
  4. Panyuwunipun tiyang sepuh punika mugi-mugi gesangipun anakipun ........ nir ing sambekala.
  5. Sampun ..... sedaya dhawuhipun Sang Nata, rekayana Patih lajeng madal pasilan.
  6. Kagunan ringgit punika kagunan ingkang ..........................
  7. Cariyos punika kasaringa pathi sarinipun lajeng kadadosna ..................
  8. Prabu Nala lan ingkang garwa Dewi Damayanti nandhang ........... kasurang-surang ing samadyaning wana, awit saking anggenipun kasengsem kesukan main. dhadhu.
  9. Dosanipun ........ bebasan "digendhong diindhit," ewadene taksih saged nglepataken tiyang sanes
  10. Lelabetanipun suwargi Ibu Kartini ...... cinandhi wonten ing sanubarinipun bangsa Indonesia.

  1. watak wan
    tunipun
  2. akal budi
  3. gagah pra
    kosa
  4. terang tra
    waca
  5. mukti wi
    bawa
  6. papa cin
    traka
  7. adi luhung
  8. tepa pa
    lupi
  9. kongas
    ngambar
  10. tumpuk
    undhung
  11. daya keki
    yatan

60