Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

samangke tansah sami dipun cakaken. Sadaya punika tuwuh saking raos pasedherekan ing salebetipun gesang bebrayan.

 Yektosipun, tiyang punika boten badhe saged gesang piyambak, liripun tanpa sesambetan kaliyan tiyang sanes.
Pramila, ada-ada kerja bakti punika sampun ngantos wonten raos peksan. Wontenipun kedah sarwa lila legawa, kados nandangi ayahanipun piyambak.
Rehning tiyang nyambut damel punika wonten sayahipun, wonten ugi ingkang menggalih jampining sayah lan salit, boten ketang wedang sacegukan, tetedhan sacakotan, kenginga kangge tamba celik, ngirangi sayah sawatawis. Bab punika ugi kedah tuwuh saking manah lila, boten karana dipun prentah, punapa malih ndadak mawi peksan.

 Wondene tumrap tiyang ingkang baúnipun boten keconggah, punapa malih kawontenanipun ugi saweg compreng, mesthinipun sanajan namung awujud eguh pratikel, inggih saged tumut cawe-cawe, suka wawasan kados pundi amrih prayoginipum.
Dene ingkang saweg nandhang karibetan saestu inggih boten dados punapa, awit sedaya tiyang punika boten ketang sepinten temtu sami nate nandhang reribed, dados boten badhe maiben.
Dados bakenipun kerja bakti utawi gugur gunung punika adhedhasar raos pirukunan ing madyaning bebrayan agung, menapa dene malih ayahan ingkang dipun ayahi menika karaos kados dene bebahanipun piyambak.


B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Dhek biyen kerja bakti iku jenenge apa ?
  2. Kepriye tekade wong-wong kang arep padha budhal kerja bakti ?
  3. Wong sing wis jempo apa iya melu kerja bakti ?
  4. Kerja bakti iku klebu cak-cakane sila kang kaping pira?
  5. Lumrahe kapan dianakake ada-ada kerja bakti iku ?

Mbs-2-59