Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Sumadya : "Lajeng ingkang dipun garap mangke punapa,

Pak ?"

Bapak : "Yen sing kanggo pekarangane dhewe ya resik-

resik, ndadani pager, nglabur tembok lan sapi- turute."

Sumadya : "Punapa ugi damel gapura lan pasren sanesipun,

Pak ?"

Bapak. : "Takkira iya. Ning coba matura pak RK kana,

wong iki arep mahargya dina Proklamasi Kamar- dikan. Mengko rak ana bab-bab liyane maneh."

Sumadya: "Inggih, Pak, cobi kula sowan pak RK."


B. Wacanen kang patitis !

1. Yen sira dadi gawe, bisaa ana walese. Aja kaya kemladheyan, dhemene mung ngemladheyan. Sidane ngajak sempal. 2. Uler mung prelu mangan, enthung mung prelu turu. Uier dudu, enthung dudu. Nyambut gawe kabisanku. sining 3. Dhemena atetulung, nanging poma, aja anjagakake pitulungan.

(Suhawi)

II. Maca titi

A. Wacanen batin !


Kerja Bakti

Ngajengaken tanggal 17 Agustus, bangsa Indonesia sami ngawontenaken ada-ada kerja bakti, utawi kinanipun kawasta- nan gugur gunung.

Estonipun gugur gunung mekaten wiwit kina makina engga

58