Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN VII

I. A.Pacelathon
Tindakna !

Kerja Bakti
Bapak : "Le, kowe sesuk makilana Bapak, ya !”
Sumadya : "Punapa wonten undhangan pista, Pak, kok dhawuh makili ?”
Bapak : "Kowe ki senengane pista. Angger didhawuhi makili, terus mak ceg, nyang nggon pista.”
Sumadya : "Boten ta, Pak, tiyang ingkang sampun ngaten. Menawi kula kadhawuhan punapa kemawon uger kula saged temtu sendika.”
Bapak : “Bagus, Le, nek ngono. Dina Minggu sesuk Bapak arep tindak karo Ibu. Kowe lan adhi-adhimu padha tunggua omah. Ning kok ana rukun kampung ajak-ajak gugur gunung.”
Sumadya : "O, ngaten, Pak. Gek redi pundi ingkang badhe dipun jugrugaken punika. Sajakipun badhe kangge ngurug margi lan lapangan punapa ?”
Bapak : “Lha, lha rak ora dhong kowe ki. Durung-durung kowe mengko terus mangkat njugrug gunung, harak sida ora karu-karuan.”
Sumadya : "Kula kok boten mudheng ta, Pak. Menawi boten pareng bidhal njugrug redi lajeng ndadak ngentosi dhawuh punapa malih ?”
Bapak : “Sik tasik; gugur gunung kuwi tembunge embah-embah biyen. Saiki jenenge kerja bakti. Rak dhong ta, Le?”
Sumadya : "Wah, tujunipun Bapak lajeng paring katrangan. Upami boten kula rak lajeng kewirangan saestu.”
Bapak : "Ya mung gemrobyos dhewe. Nek kewirangane ki ya ora, pol-pole digeguyu uwong.”