Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kanthi daya anggit enggal tuwuh lampahan Bale Sigala-gala pu nika. Moncering para dhalang mekaten beda-beda. Mila sana- jan sami-sami mendhet saking babon Wana Parwa, cariyos Bale Sigala-gala punika wonten pinten-pinten warni.
Lampahan Bale Sigala-gala ingkang taksih gampil kajejeraken kaliyan babon Wana Parwa punika makaten :
Gampiling cariyos, kala samanten Pandhawa taksih alit, kati- lar seda ingkang rama, Prabu Pandhu ing Astina.
Rehning kawontenanipun taksih lembat, mila Pandhawa dereng wanci nyepeng pusaraning praja. Kraton lajeng kapasrahaken dhateng ingkang uwa, ingkang awasta Prabu Drestarata. Suwau kanthi kasagahan bilih samangsa Pandhawa sampun sami diwasa, kraton badhe kapasrahaken wangsul dhateng para Pandhawa.

  Nanging, wonten ungel-ungelan Ngemut legining gula. Liri- pun, sareng sampun ngraosaken sekecanipun nyepeng panguwa- osing negari, para Kurawa, inggih punika anakipun Prabu Drestarata, rumaos eman utawi owel ngeculaken negari Astina. Malah daksiyanipun dhateng para Pandhawa kelangkung-lang- kung. Wongsal-wangsul Pandhawa dipun arah pejahipun sarana alus. Kalebet lampahan Bale Sigala-gala punika nggambaraken trekahipun Kurawa, kanthi apus krama ngarah pejahipun Pan- dhawa kanthi kaobong ing salebetipun griya ingkang pancen sampun kacawisaken kangge nyidra para Pandhawa.
Ewadene, pejah gesang punika saestu wonten ing astaning Pangeran. Pandhawa, ingkang miturut nalar temtu sirna dados awu, nanging nyatanipun wilujeng nir ing sambekala.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Kepriye tumanggape kalangan Jawa marang kagunan wayang ?
  2. Saben lakon wayang apa mesthi padha ? Apa sababe ?
  3. Apa sababe Kurawa tansah ngarah patine Pandhawa ?
  4. Lakon Bale Sigala-gala iku ringkese kepriye? ik haadiah
  5. Watake Kurawa iku priye mungguh panemumu?
  6. Mbs-2- 51