Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Tarman : "Wah, Wan, Wan. Nganti gemrobyos aku ngra
sakake kowe. Ya wis yen trima saelingku, meng
ko dakcritani lakon Bale Sigala-gala. Yaiku :
Omah (isi) gala-gala utawa bangsane obat mesiu.
Pandhawa ana jero omah kuwi banjur diobong
para Kurawa."


B. Wacanen, kaya lagune dhalang !

Rame nggenira bandawalapati, Wasi Jaladara mengsah Sang Prabu Kurandhageni. Wasi Jaladara kalindhih yudane, kenging kapikut den wasuh sigra inguntal. Wus prapteng pranajane Raden Jaladara, asta kekalih wus prapta telakira Kurandhageni. Nalika samono Anom Wasi Jaladara emut katitipan senjata nenggala ing astanira, padha sanalika denpusus mijil kang sanjata nenggala jumlegur swarane. Padha sanalika kepyar mustakane prabu Kurandhageni, tan kinukup kuwandhane. Kari gembung ambruk ndhepani bantala.

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi !

Lampahan Bale Sigala-gala

  Tiyang Jawi punika dhateng kagunan ringgit sampun nyakot sanget. Ingkang gadhah radhio šaben malem Minggu temtu nyetel radhionipun, madosi siaran ringgit.
Ugi ing pasamuan asring dipun setelaken cariyos paringgitan, sanajan namung mend het saperangan, upaminipun perangan gara-gara.

 Kagunan ringgit mekaten gesangipun sampun pinten-pinten abad dangunipun. Malah saking tuwuhipun punika saya dangu saya ngrembaka, kala mangsanipun kembanging lampahan lajeng beda-beda sanajan lajeripun sami. Upaminipun lampahan Bale Sigala-gala, punika lampahan enggal saking babon kina: Wana Parwa.

50