Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN VI

I. A. Pacelathon

Tindakna !
Wayang
Tarman : "Wan, kowe wis tau nonton wayang ?"
Wandi : "Wayang we thik durung, uwis bae, kerep aku
no nek karo kowe."
Tarman : "Ping pira kok kerep ki ?"
Wandi : "Ora etungan, pendhak byar aku liwat, mesthi
weruh."
Tarman : "Eh, thik elok temen. Sing uwis-uwis nek non
ton wayang aku apal critane. Coba aku critakna
salakon bae !"
Wandi : "Lho, nek lakone aku ora ngerti."
Tarman : "Ya critane we nek ora ngerti lakone."
Wandi : "Ora ana critane, wayang bae critane apa ?"
Tarman : "Kok umuk, jare kerep monton, nek ngono go
roh kandhamu."
Wandi : "E, mbok sumpah ta, aku kerep nonton wayang,
wong tanggaku ki tukang gawe wayang. Ora
mung nonton, nyat aku nunggoni olehe gawe,
natah, mrada-nganti sadadine. Kok koarani umuk
ki piye."
Tarman : "Ha. ha, ha, ha, ha. Lagi dhong aku. Dadi genahe
sisip ta iki mau."
Wandi : "Sisip piye ta. Yen ora ngandel kapan longgarmu
dakejak rana."
Tarman : "Wong karepku ki nonton wayang sing lagi
dilakokake dhalang, kok."
Wandi : "O, Tar, Tar. Kuwi ta karepmu. Mati-matia ki
dakkira rak wujude wayang. Nek lakon wayang
wah, trima embek aku. Malah aku critanana!"

Mbs-2- 49