Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. ..... ing kali kuwi akeh iwake.
  2. Lengkehing gunung-gunung kuwi dibendung dadi ..... jenenge wadhuk Gajahmungkur.
  3. Racake wong-wong ing desa kono padha seneng ngingu iwak, mula saben kebon mesthi ana .......................
  4. Gawe peceren utawa telehing kakus iku aja pisan-pisan cedhak mundhak banyune ora resik.
  5. Banyu ...... kuwi disaring lan dijantoni banjur diilekake menyang kutha-kutha gedhe, jenenge banyu ledheng.

f. blumbange

g. kedhung

h. wadhuk

i. umbul

j. sumur

k. bendungan

E. Tuladha :

    a. Bocah telu kuwi, sing wis weruh Sarangan Tana.
    b. Tana didadekake pengarepe.
    c. Bocah telu kuwi sing wis weruh Sarangan Tana, mula Tana didadekake pengarepe.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. a. Tandurane kates diupakara tenan.
    b. Wohe mbiyet nganti ngemohi.
    c. .......................................
  2. a. Pak Pringga sekaliyan anggone nggulawenthah putrane setiti lan ngati-ati.
    b. Putrane kabeh padha dadi.
    c. .......................................
  3. a. Gandhung tangine ajeg kawanen.
    b. Gandhung tekane ing sekolahan ajeg kasep.
    c. .......................................
  4. a. Pitik kuwi pakane kopen.
    b. Awake lemu lan waras.
    c. .......................................
  5. a. Marwan sinaune ajeg lan tlaten.
    b. Kawruhe jembar, ora kalah karo kanca-kancane.
    c. .................................

Mbs-2- 47