Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

III. Kawruh basa

A. Tuladha :

Ing wanci libur lare-lare pados selingan, perlunipun supados boten tansah mutheg ing griya, lan ngiras nglelatih, lantiping raos kaendahan.

Ukara-ukara iki isenana tembung dwi purwa kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Tetiyang ing negari Medhangkamolan saweg linimput ing pepeteng, awit ratunipun ing kang ..... Prabu Dewatacengkar saben dinten mundhut cawisan dhahar dagingipun manungsa.
  2. Rinten dalu tetiyang ing Medhangkamolan sami . . . . . dhateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, mugi-mugi enggal linuwarna saking pacoben ageng menika.
  3. Nalika samanten ing negari Medhangkamo lan wonten Brahmana ....., taksih jaka tur bagus rupinipun, limpad ing saliring kawruh.
  4. Brahmana wau .......... Sang Ajisaka
  5. Sang Ajisaka ...... ing dhusun Dhadhapan jinunjung dados anak angkatipun mbok Randha Dhadhapan.
  6. Mireng pawartos bab.kawegiganipun Sang Brahmana, tetiyang ing negari Medhangka molan kepengin sami ngadhep, kepengin ..........................................
  7. Mireng pawartos ambek angkara murka lan ambek daksiyanipun Prabu Dewatacengkar dhumateng kawulanipun, Ajisaka kepengin tetulung, lajeng ..... sarana kangge nyirnakaken Sang Prabu.
  8. Ajisaka marak ing ....... ing ngarsanipun negari Medhangkamolan, ngaturaken

  1. neneka
  2. jejuluk
  3. nyenyuwun
  4. nggeguru
  5. peparab
  6. dedunung
  7. tetiyang
  8. cecawis
  9. Pepatih

44