Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Selinganing sinau punika warni-warni. Wonten ingkang sami damel prakarya, nglatih kaprigelan, damel blumbang ulam, saweneh wonten ingkang kepengin ngemataken kaendahaning alam.

  Hardi, Narta tuwin Tana lare SMP klas kalih. Larenipun kendel-kendel, kekesahan ingkang cekap colik sari wantun. Namung, menawi mawi nyipeng, sanajan wantuna pisan tiyang sepuhipun dereng temtu manawi tega. Lare tiga sami sarembag badhe darmawisata dhateng Sarangan, malah sampun sami angsal palilah tiyang sepuhipun. Awit, Sala Sarangan punika boten tebih, dados saged colik, pados tumpakan ugi gampil, prasasat saben menit wonten tumpakan sewan umum ingkang saged dumugi ing Sarangan, sanajan sambet-sambet.

  Lare tiga punika ingkang sampun sumerep Sarangan pun Tana. Mila Tana dados pangajengipun. Saking Sala numpak bis Sala - Surabaya, mandhap Maospati, kitha alit sacelakipun Madiun. Saking Maospati santun tumpakan bis utawi taksi, jurusan Madiun-Magetan. Saking Magetan santun taksi ngantos dumugi ing Ngerong. Ing ngriku saged kendel sawatawis. Manawi badhe adus, ing Ngerong wonten papan padusan umum. Saking Ngerong santun taksi malih, minggah nglangkungi Tlaga Wurung, minggah malih, lajeng mandhap, minggah malih sampun dumugi ing Sarangan. Sesawangan ing ngriku nengsemaken sanget.
Lare tiga sami seneng-seneng, praon, numpak kapal, minggah pereng ingkang sinaput ing wana pinus, ngantos samaremipun.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Ing mangsa liburan bocah-bocah padha ngapa ?
  2. Apa paedahe selinganing pasinaon ?
  3. Hardi, Narta, lan Tana iku bocah ngendi ?
  4. Ing mangsa liburan bocah telu iku padha darmawisata menyang ngendi ?
  5. Genea sing dadi pengarep si Tana ?
  6. Ing Sarangan bocah telu kuwi padha ngapa ?
  7. Mbs-2- 43