Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Narta : "Ya durung tau rana. Aku mung dicritani Tana.
Dheweke tau rana karo adhi-adhine ndherek rama
ibune. Liyane kuwi ngertiku saka nyanyian. Kae
lho lagu Telaga Sarangan."
Hardi : "Tibake padha bae ta iki mau, padha dene durung
weruh. Nek Tana dijak piye ya ?":
Narta : Mesthine gelem. Wong dhek emben aku ya wis
rasanan. Malah dheweke tawa-tawa arep ngetera
ke."
Hardi : "Ya wis, malah kebeneran."

B. Ukara-ukara iki lagokna kang trep karo surasane !

  1. a. Kana, muliha dhisik !
    b. Aku dak mulih dhisik ya, Nar.
    c. Kana, kana, muliha, gelis!
  2. a. Adhimu pakpungana, Sri !
    b. Sing resik lho, Sri, olehe makpungi adhimu !
    c. Kopakpungana yen ora kokosoki ya ora resik no Sri.
  3. a. Jangane santenana, Rus !
    b. Sing kenthel lho Rus, olehmu nyanteni!
    c. Kosantenana yen santen beningan percumah no Rus.
  4. a. Pitike golekana, Las !
    b. Sing tlaten lho olehmu nggoleki, sing nganti ketemu !
    c. Kogolekana yeng-yengan mangsa ketemua, wong sajake dibedhog uwong.

II Maca titi

A. Wacanen sing titi !

Darmawisata dhateng Tlaga Sarangan

  Ing wanci libur lare-lare sekolah sami pados selingan. Perlunipun supados boten tansah mutheg ing griya, ngiras nglelatih lantiping raos kaendahan. Kajawi punika saged mbuktekaken wucalan ingkang sampun nate dipun tampi.

42