Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN V

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Hardi : "Nar, preen iki apa rancanganmu ?"
Narta : "Lha kowe piye ?"
Hardi : "Ditakoni durung wangsulan wis genten takon. Ya,
dakngalah. Aku kepengin nonton endahing alam."
Narta : "Aku iya."
Hardi : "Wangsulanmu ki thik nganyelake aku iya, ki
karepmu piye?
Kene ki omong tenan, kono mung sakepenake."
Narta : "Kojur tenan aku ki. Trima nurut isih salah. Nurut
salah, apamaneh yen nggesehi, mesthine saya gedhe
ukumane."
Hardi : "Ya aja ngono, Nar. Aku ki ora nyalahake, ning
olehe larang ki lho omonganmu. Mbok ya usul<be/>piye ta piye."
Narta : "Aku ki pancen arep usul. Jan-jane malah ora mung
usul, nanging ajak-ajak. Kebeneran kowe miwiti."
Hardi : "O, dadi genah-genahe iki mau nunggal karep ning
durung trep. Ya ngono pa piye?"
Narta : "Yake ora kleru kandhamu kuwi."
Hardi : "Yen kowe, apike menyang ngendi, Nar ?"
Narta : "Aku ki durung jajah. Jare sing apik-apik akeh.
Kayata Tawangmangu, Baturaden, Parangtritis,
Kaliurang, Kopeng, Bandhungan, Jatijajar. Lan
mesthine isih akeh liyane."
Hardi : "O, iya. Kae lho. Ngendi ya kae. Aku tau dicritani
kok. Kae lho saka Ngawi ngidul, terus tekan Mage
tan, terus......ngendi kae aku lali. Jare apik
banget ki, Nar."
Narta : "O, kuwi Sarangan. Pancen, apik tenan kuwi."
Hardi : "Kowe wis rana ping pira, Nar ?"

Mbs-2- 41