Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Rencangipun ingkang ndemenakaken nyuwun medal, angsal santun rencang ingkang nyambut damelipun sarwa...
  2. Saweg sepisan punika anggen kula milih kleresan, adatipun tansah..............................
  3. Mbakyu pawakanipun. andhap alit, wondene kangmas...kados bapak.
  4. Kapalipun dipun titihi alon-alonan, nanging sareng sumerep mendhungipun saya ngend hanu lajeng dipun.........

D. Tuladha :

    a. Kula mireng kabar wonten lelampahan ingkang nggumun
    aken, liripun boten limrahipun makaten punika.
    b. Kula mireng kabar wonten lelampahan ingkang nggumun
    aken, tegesipun boten limrahipun makaten punika.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Para prajurit ingkang tinilar ing pangagengipun pindhanipun kados kuthuk tinilar ing babonipun.
  2. Kacariyos, wana punika sakalangkung wingit gawat kaliwatliwat, dados kedhatonipun jim setan pri prayangan sarta dados pandhelikanipun sato wana.
  3. Sang Prabu tampi nawala panantang, sakala duka yayah sinipi.
  4. Dewi Pregiwa lan Pregiwati nilar pratapan ngupadi sudarmanipun.
  5. Wonten ing madyaning wana sang dyah kekalih pinanggih utusan saking Astina.
  6. Sulayaning wuwus andadosaken perang, dedreg arebat unggul.
  7. Sata Kurawa asor yudanipun, awit Sang Dyah Ayu dipun pitulungi ingkang raka Raden Abimanyu.
  8. Dewi Pregiwa lan ingkang rayi Dewi Pregiwati dahat karenan ing galih awit saged oncat saking bebaya.
  9. Sang Dyah Ayu kekalih nulya anglajengaken tindakipun ingirid ingkang raka Raden Abimanyu dalah para parepat, Semar, Nala Gareng, lan Petruk.

30