Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Aja padha seneng ngina utawa ngremehake pepadhaning manungsa, awit giri lusi janma tan kena ingina. Ing atase cacing bae bisa nggremet tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula ora kena diina.
  2. Ulat madhep ati karep, dhasar atine cocog tur iya pancen wis kepengin.
  3. We lha, jenenge iki golek-golek ketanggor wong luru-luru. Nembung nyilih nyang nggone wong sing uga butuh lan lagi setiyar.

IV. Kasusastran

Wacanen sing patitis lan apalna !

Dhuh prajaku, tanah wutahing getihku
kang satuhu, yen dadi woding atiku.
Jer wus bisa, sung berkah mukti 'wibawa.
Mring pra wredha, wedharing kang sih wilasa.
Ingkang asung, busana myang baksana gung
tanpa petung, pantes kinudang ing kidung.

(Racikan Basa II).

Katrangan :

  1. Tembung-tembung iki ngemu purwakanthi swara :
    prajaku — getihku swara u
    satuhu — atiku , swara u
    bisa — wibawa , swara a
    wredha — wilasa , swara a
    asung — gung , swara ung
    petung — kidung , swara ung
  2. Dene tembung-tembung iki ngemu purwakanthi sastra
    bisa — sung , sastra s
    wredha — wedhar , sastra w, dh
    asung — busana , sastra s
    petung — pantes , sastra p, t