Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Tuladha :

  1. Purwadi gadhah rencang. Purwadi boten kumandara.
  2. 1. Sanajan gadhah rencang, Purwadi boten kumandara.
    2. Purwadi gadhah rencang, nanging boten kumandara.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Griya punika ageng. Griya punika sewanipun mirah.
  2. Kapal punika alit, Kapal punika rosa.
  3. Sande punika anyar, Sande punika kathah cirinipun.
  4. Randi punika nedhanipun kathah. Randi boten saged lema.
  5. Asih griyanipun celak sakolahan. Asih asring sanget kasep.
  6. Buku punika awis. Buku punika kedah kula tumbas.
  7. Sentanu gesangipun rekaos. Sentanu boten purun ngresahi sanak sadherek.
  8. Murti sampun wongsal-wangsul kula emutaken. Murti taksih ajeg kesed.
  9. Susi kaliyan Andri punika sadherek tunggil bapa biyung. Susi kaliyan Andri punika watakipun kados bumi kaliyan langit.
  10. Kula sampun wongsal-wangsul maos buku punika. Kula dereng apil.

E. Ukara-ukara iki wacanen, lan setitekna tegese paribasan sing dicap dhoyong!

  1. Sing sapa kepengin urip mulya, ora kena wedi kangelan, kudu padha gelem setiyar, sabab jer basuki mawa beya, tekaning kamulyan sarana pambudidaya.
  2. Titenana bae, sapa salah seleh, sing salah bakal kalah.
  3. Becik ketitik ala ketara, ditutup-tutupana kae wusanane bakal kasumurupan endi sing bener endi sing luput, endi sing becik endi sing ala.
  4. Gegayuhan kang disaranani kanthi pambudidaya tan kena ora mesthi kecekel, awit sapa temen tinemu.
  5. Aja padha ngedir-edirake kekuwatan, kaluhuran lan kapinteranmu, awit wong adigang, adigung, adiguna iku tundone bakal nemu sangsara.


22