Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

III. Kawruh basa

A. Tuladha :

    a. Bapak ibunipun boten nate klepyan anggenipun migatosa ken pasinaoning anak.
    b. Bapak ibunipun boten nate kesupen anggenipun migatosaken pasinaoning anak.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Punapa ingkang dipun suwun, uger punika kangge ubarampening pasinaon, dipun turuti.
  2. Purwadi anggenipun ngudi dhateng pasinaon saestu lan tumemen.
  3. Purwadi tampi kanugrahaning Pangeran, saged minggah klas lan kapilih dados juwara.
  4. Tiyang sagriya boten kendhat anggenipun sumungkem ing Gusti Ingkang Akarya Jagat.
  5. Purwadi kasesa selak sumerep rapotipun ngantos nilar subasita.
  6. Idham-idhamanipun tiyang sepuh, anakipun dadosa tiyang utami, pinter, prigel lan mursid.
  7. Purwadi sakelangkung seneng manahipun tampi kanugrahaning Pangeran ingkang boten kanyana-nyana.
  8. Dhawuhipun Bapak tansah kula estokaken.

B. Tuladha :

    a. Purwadi punika dhateng kancanipun tangkepipun......
    b. Purwadi menika dhateng kancanipun tangkepipun semanak.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur mawa tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Kristi punika pasemonipun ......
  2. Yanti punika saged sanget nutupi raos ing manah, sanajan manahipun kagelan polatanipun ......

  1. rumaket
  2. padhang
  3. sumeh

12