semanak, dhateng pasinaon majeng, maos punika kemawon remen. Bapak ibunipun boten nate klepyan anggenipun migatosaken pasinaoning anak. Punapa ingkang dipun suwun, uger punika kangge ubarampening pasinaon, dipun turuti. Najan makaten Purwadi boten ugungan. Nyatanipun, menawi nyenyuwun boten nate mastani kedah ingkang sarwa sae lan awis. Wosipun, jer kenging kangge nyekapi kabetahan, sampun trimah. Kosok wangsulipun,
sanajan awis reginipun menawi perlu, tiyang sepuhipun ugi boten ngengel-engel.
Purwadi anggenipun ngudi dhateng pasinaon saestu lan tumemen. Dolan ingkang sipatipun ubyang-ubyung boten nate. Tiyang sepuhipun ngawisi saestu. Kesahipun namung menawi perlu kemawon. Upaminipun sinau sesarengan, latihan olah raga, latihan Pramuka, darmawisata lan sanes-sanesipun.
Mekaten kemawon boten nate ngglenes, kesah tanpa pamit. Menawi badhe kesah mangka tiyang sepuhipun pinuju boten wonten, temtu meling dhateng adhinipun.
Boten nggumunaken, wohing pasinaonipun Purwadi sae. Dhasar larenipun sregep, tekadipun kenceng, tur tiyang sepuhipun migatosaken dhateng panggula wenthahipun putranipun.
Kala rapotan inggah-inggahan punika Purwadi tampi kanugrahaning Pangeran, saged minggah klas kalih, malah kapilih dados juwara.
Sepinten bingahing manahipun Purwadi saha tiyang sepuhipun, boten saged kagambaraken.
Boten kasupen tiyang sakulawarga sakala ngaturaken panuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Asih, saha boten kendhat anggenipun sumungkem ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
B. Wangsulana kang patitis !
1. Purwadi munggah klas pira ?
2. Kepriye rapote ?
3. Apa Purwadi seneng ubyang-ubyung ?
4. Apa Purwadi angkuh lan gumedhe ?
5. Wong tuwane Purwadi ora ngugung putrane. Terangna !
6. Bocah diugung, ora becik. Terangna !
Mbs-2-11