Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


emoh. Bocah ki nek bagus ya ndadak mbebeda ibune barang. Wis, enya, kowe munggah, Lik, lan ....... klebu juwara."
Purwadi : "Adhuh, matur nuwun, Gusti. Matur nuwun, Bu, matur nuwun, Pak. Kula kok saged juwara, boten nginten saestu, Pak. Babar pisan boten ngimpi, Bu, saestu."
Bapak : "Ya kaya ngono kuwi, Lik, kanugrahaning Gusti kang ora kanyana-nyana. Mula awake dhewe iki kudu ora kendhat-kendhat anggone sumungkem lan syukur marang Allah."
Ibu : "Heeh, bener ngendikane Bapak kuwi, Pur."
Purwadi : "Kasinggihan sanget, Pak, tansah kula estokaken."


B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung kang dhoyong cap-capane kedalna kang trep !

  1. 1. a. Bocah kesed mesthi bodho
    b. Mangsa bodhoa kowe, wong wis gedhe tuwa rak bisa mikir.
  2. a. Suk emben dak kandha.
    b. Iya, kandhaa tenan, ya !
  3. a. Aku melu urun sithik bae.
    b. Iya, ning sithike Rp 50,00.
  4. a. Kacang godhog aku seneng.
    b. Sing tumumpang ana kompor kae godhogan apa ?
  5. a. Pager tembok iku katon resik.
    b. Temboke kudu kerep dilabur.
  6. a. Montore daksewa Rp 5.000,00 oleh ?
    b. Arep tindak ngendi ta kok montoran barang ?

II Maca titi

A. Wacanen batin !

Minggah Klas Kalih

Purwadi punika lare lugu lan prasaja. Dhateng kanca grapyak

10